RADEN
WERKUDARA
Werkudara iku putrane
Prabu Pandhu Dewanata Ian Dewi Kunthi sing angka loro. Werkudara iku titisane
Bathara Bayu. Awit putra angka loro, mula Werkudara uga sinebut putra
panenggaking Pandhawa. Sesebutan liyane Bratasena, Bimasena, Haryasena,
Bayusiwi, Jagal Abilawa, Kusumadilaga, Jayalaga. Kastriyane ing Jodhipati utawa
Tunggul Pamenang.
Garwane telu aran Dewi Nagagini, Dewi
Arimbi, Ian Dewi Urangayu. Karo Dewi Nagagini, 'peputra Raden Antareja. Karo
Dewi Arimbi, peputra Raden Gathutkaca. Karo Dewi Urangayu peputra Raden
Antasena.
Raden Werkudara duwe
pusaka aran Kuku Pancanaka, Gada Rujakpala, Ian Gada Lambita¬muka. Aji-ajine
Bandung Bandawasa, Ungkal bener, Blabag Pengantol-antol, Bayu Bajra.
Kacarita laire
Bratasena. Nalika bayi lair awujud bungkus. Kabeh gegaman ora tumama. Kang bisa
mbedhah bungkus mung Gajah Sena. Bareng wis bedhah, bayi diidak-idak, ditlale,
digadhing malah saya gedhe. Gajah Sena ditamani kuku Pancanaka, mati sanalika. Suksmane
nyawiji karo Bratasena.
Bratasena utawa
Werkudara iku ora bisa basa marang sapa wae. Dadi yen micara tansah ngoko. Sing
dibasani mung Sanghyang Wenang lan Dewa Ruci. Sanajan mangkono Werkudara duwe
watak setya tuhu marang guru, bekti marang ibu, teguh ing janji, bela bebener,
mbrastha angkara, dhemen tetulung, tresna marang kadang, adil. Watak setya
marang guru, dituduhake nalika dheweke diutus dening gurune Pendhita Durna goleh
banyu Perwitasari ing tengah alas ing telenging segara.
Kang sajatine Werkudara
dialap patine, dijlomprongake. Nanging amarga setya bekti marang guru.
Werkudara malah antuk nugraha, bisa ketemu marang guru sejati (Dewa Ruci), kang
mahanani Werkudara bisa pinter tanpa guru maneh.
Tandha bektine marang
ibune dibuktekake, kanthi merjaya Dursasana, getihe kanggo jamas rikmane Kunthi
lan sirahe kanggo keset dening Dewi Kunthi . Tresna marang kadang, kabeh
kadange tansah dibela lamun nuhoni bebener. Nanging yen luput, sanadyanta anake
dhewe bakal diajar, kaya nalika Gathutkaca maling Pregiwa. Jebule Gathutkaca
mung dipaeka sebab sing maling Gathutkaca palsu. Dhemen tetulung upamane
nulungi Ratu Wiratha.
Ing perang Bratayuda
Werkudara dadi agul-aguling Pandhawa. Werkudara kang bisa mateni Dursasana,
Sengkuni lan Duryudana. Sawise perang Bharatayuda, Parikesit wis jumeneng nata,
bebarengan marang sedulur Pandhawa wis jumeneng nata, bebarengan marang sedulur
Pandhawa liyane, ninggalake praja. Werkudara tiwas sumusul Sadewa, Nakula, lan
Harjuna. Werkudara tiwas angka papat amarga nalika uripe seneng mangan, rada
kasar, lan ora bisa basa.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar