Assalamu'allaikum wr.wb

Selasa, 25 September 2012

Pambagyaharja


Assalamu'alaikum wr.wb

Para sesepuh, para pinisepuh ingkang satuhu kula bekteni. Para Bapak para Ibu lan sederek ingkang minulya ing budhi. Saha para tamu ingkang kula tresnani.

Keparenga kula semela atur, nempil kamardikan panjenengan sedaya rikalanipun nembe eca wawan pangandikan. Kula minangkani sesulih saking kaluwarga haminangkani pamundhutipun ingkang hamengku gati. Sepisan ngaturaken syukur Alhamdulillah dhumateng ngarsa dalem gusti ingkang Maha Agung, dene hajatipun Bapak H.Safi'i sekaliyan anggenipun hamengkugati ndaupaken putra-putrinipun ingkang sesulih Bagus Aris Saputra sampun kalampahan dhaup kaliyan Rara Ajeng Ayu Dwicahyani  rikala dinten Minggu surya kaping 2 September 2012 wanci tabuh jam 10.00 wonten ing dalemipun Bapak H.Safi'i kanthi manggih rahayu kalis ing sambikala.

Kaping kalihipun Bapak H.Safi'i sakaluwarga ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan. Menawi para tamu sampun kersa ngrawuhi miwah paring donga pamuji dhumateng penganten sekaliyan. Sarehning Bapak H.Safi'i sakaluwarga mboten saged ngaturi papan palenggahan ingkang sekeco, sagetipun namung ngaturi puji pangestu mugi-mugi panjenengan sedaya pikantuk sih kautaman saking Gusti Ingkang Maha Agung.

Ingkang pungkasan Bapak H.Safi'i sakaluwarga nyuwun dedonga dhumateng panjenenganipun sedaya, supados penganten sekaliyan sageta ngleksanani kekudanganipun para pinisepuh sedaya tuwin enggal pinaringan momongan putra ingkang bekti dhumateng Allah SWT, dhumateng rama lan ibunipun lan para sesepuhipun 

Cekap semanten anggen kawula matur, mbok bilih wonten kekuranganipun saha kurang trapsila anggen kawula matur, kawula nyuwun agunging panuwun.

Wassalamu'alaikum wr.wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar